Sinau
saka Watake Semar
Sapa sing ora ngerti Semar? Kabeh mesthi
padha ngerti. Semar utawa Nayantaka
utawa Ismaya utawa Badranaya Janggan Asmarasanto utawa Juru Dyah Punto Prasanto
iku anggotane punakawan (Semar, Petruk, Gareng, lan Bagong).
Semar
sejatine dewa sing mudhun saka kahyangan amarga keserakahane dhewe. Biyen Semar
lan Togog rebutan tahta kahyangan banjur nganakake lomba mangan gunung. Togog
ngelen langsung gunung kuwi. Kasile, cangkeme Togog suwek lan matane dadi amba.
Yen Semar mangan gunung kuwi sithik-sithik, nanging tetep ora kasil. Gunung
kuwi ora bisa dimetokake saka weteng lan kasile wetenge Semar dadi gedhe.
Sanghyang Tunggal jengkel amarga ngerti keserakahane anake. Banjur Semar lan
Togog disot dadi manungsa lan dimetokake saka kahyangan.