Kaya dene asu sing padha nggaung
Marang siji lan sijine
Padha pisuhan mung ben iseh tetep urip
Kaya mengkana politik ing negeri iki
Ngumbar kasalahan kanggo menjatuhkan
Ngumbar kabajikan kanggo ngagungaken
Jotos jotosan siji lan sijine
Paten patenan siji lan sijine
Namung kanggo enthuk gelar pamomong
Padha gawe sensasi
Gawe dheweke katon sederhana
Gawe dheweke katon sugih
Negeri iki ora butuh pamong kang ngumbar janji
Negeri iki ora butuh pamong kang gawe sensasi
Negeri iki butuh pamong
kang ngati-ati