Laman

Sabtu, 28 Juni 2014

Politik Ing Negara Iki

Kaya dene asu sing padha nggaung
Marang siji lan sijine
Padha pisuhan mung ben iseh tetep urip

Kaya mengkana politik ing negeri iki
Ngumbar kasalahan kanggo menjatuhkan
Ngumbar kabajikan kanggo ngagungaken

Jotos jotosan siji lan sijine
Paten patenan siji lan sijine
Namung kanggo enthuk gelar pamomong

Padha gawe sensasi
Gawe dheweke katon sederhana
Gawe dheweke katon sugih

Negeri iki ora butuh pamong kang ngumbar janji
Negeri iki ora butuh pamong kang gawe sensasi
Negeri iki butuh pamong kang ngati-ati

Selasa, 17 Juni 2014

Piala Dunia dan Pilpres

Jumat, 13 Juni 2014 lalu Piala Dunia yang diselenggarakan di Brasil dimulai. Semua orang yang ada di dunia sudah menantikan pagelaran empat tahunan ini. Salah satunya juga kita, masyarakat Indonesia. Masyarakat Indonesia yang dari dulu dikenal dengan kefanatikannya pasti tidak akan melewatkan ajang empat tahunan ini, walaupun juga Indonesia belum bisa berpartisipasi di ajang empat tahunan ini. Piala Dunia Brasil ini dimulai dari tanggal 13 juni – 15 juli 2014. Para penggila bola yang ada di tanah air ini pasti tidak akan melewatkan satupun pertandingan apa lagi pertandingan-pertandingan Big Macth. Bahkan banyak diantaran mereka saling menjagokan tim-tim yang mereka anggap pantas untuk mendapatkan gelar ini. Bukan hanya itu gelar Top Scorer dan juga Pemain Terbaik menjadi bahan untuk para penggila bola saling berpendapat siapa-siapa yang layak untuk mendapatkannya.

Kamis, 12 Desember 2013

Sinau saka Watake Semar

Sinau saka Watake Semar


Sapa sing ora ngerti Semar? Kabeh mesthi padha ngerti.  Semar utawa Nayantaka utawa Ismaya utawa Badranaya Janggan Asmarasanto utawa Juru Dyah Punto Prasanto iku anggotane punakawan (Semar, Petruk, Gareng, lan Bagong).
Semar sejatine dewa sing mudhun saka kahyangan amarga keserakahane dhewe. Biyen Semar lan Togog rebutan tahta kahyangan banjur nganakake lomba mangan gunung. Togog ngelen langsung gunung kuwi. Kasile, cangkeme Togog suwek lan matane dadi amba. Yen Semar mangan gunung kuwi sithik-sithik, nanging tetep ora kasil. Gunung kuwi ora bisa dimetokake saka weteng lan kasile wetenge Semar dadi gedhe. Sanghyang Tunggal jengkel amarga ngerti keserakahane anake. Banjur Semar lan Togog disot dadi manungsa lan dimetokake saka kahyangan.

Sabtu, 30 November 2013

Angin

Sumilir angin ing wengi iki

Krasa adem kaya wengi biasane

Sumilir angin ing awan iki

Gawe adem merga dina iki pancen panase

Sumilir angin ing esuk iki

Gawe udara esuk iki dadi seger,

Angin

Kowe mesthi ana tiap dina

Angin


Aku jaluk tulung

Gawa serat iki kanggo wong kang aku tresnani


Gawa serat iki kanggo wong kang aku kangeni

Sabtu, 02 November 2013

Tembang Dhaerah kang Tinggal Kenangan

Tembang Dhaerah kang Tinggal Kenangan

Bangsa Indonesia iki bangsa gedhe kang duwe werna-wernane suku, saka Sabang nganti Merauke. Saben daerah ing Indonesia duweni tradhisi kabudayan lan seni warisan saka para leluhure dhewe. Salah siji warisan kabudayane yaiku tembang dhaerah. Tembang-tembang dhaerah kuwi mujudake ciri kapribaden saka dhaerahe dhewe-dhewe. Ananging pranyatane saiki tembang dhaerah kuwi kaya wis mung ninggalake tapak tilas. Kena apa kok isa diomong kaya mangkana?

Selasa, 08 Oktober 2013

Swara Kuwi

Suwara Kuwi
“Hana, kowe ora garap PR maneh?”
Suwara kuwi esih kelingan ning pikirane Hana Susanto awit sepuluh taun biyen nganti saiki, nganti Hana wis dadi mahasiswa.
Suwara kuwi mesti krungu ning kupinge Hana, suwara sing beda karo suwara-suwara liyane, suwara sing gawe Hana tetep mangkat sekolah. Ya, sepuluh taun biyen Hana esih SD, esih dadi bocah sekolah kelas 4 umur 10 taun, bocah sing paling sering ora garap PR, lan mesti dikon metu karo gurune kanggo gapar PR ning jaba.
Nganti sawijining dina, sing duwe suwara kuwi mau metu saka kelas kanggo ngewangi garap PR Hana. Ya hasile mesti bocah loro kuwi dihukum dikon nyapu kelas sawise pelajaran rampung. Sing duwe suwara iki mau pancen aneh, Hani jenenge.