Tembang Dhaerah kang Tinggal Kenangan
Bangsa Indonesia iki bangsa gedhe kang duwe werna-wernane
suku, saka Sabang nganti Merauke. Saben daerah ing Indonesia duweni tradhisi
kabudayan lan seni warisan saka para leluhure dhewe. Salah siji warisan kabudayane
yaiku tembang dhaerah. Tembang-tembang dhaerah kuwi mujudake ciri kapribaden
saka dhaerahe dhewe-dhewe. Ananging pranyatane saiki tembang dhaerah kuwi kaya
wis mung ninggalake tapak tilas. Kena apa kok isa diomong kaya mangkana?
Jaman kuwi isa owah manut lakuning jaman, mula saiki lagi
jamane tembang-tembang modern kang lagi pada disenengi. Bocah-bocah saiki uga
kurang nyinaoni babagan tembang-tembang dhaerah. Sanadyan namung tembang,
nanging tembang dhaerah kuwi uga kalebu warisan kabudayan saka leluhure
dhewe. Kahanan jaman saiki wis miris,
bocah-bocah cilik sing dingerteni lan diapal dudu tembang-tembang sing isa
kanggo pasinaon, nanging malah sing diapal kuwi tembang-tembang modern kang
durung wayahe bocah-bocah kuwi mau entuk. Bocah-bocah mau iku generasine dhewe,
apa dadine yen bocah-bocah iki ora duwe rasa seneng marang tembang-tembang
dhaerahe dhewe. Bocah-bocah ora pada ngerti yen ing Indonesia duweni akeh
banget tembang-tembang dhaerah. Masyarakat uga pada ninggalake tembang-tembang dhaerah
amarga menawane dheweke diluruhi dadi wong sing ketinggalan jaman, ora ngerti
kahanan jaman kang lagi modern. Tembang-tembang modern durung mesthi duweni
nile-nile sing becik kanggo lakuning urip. Beda karo tembang dhaerah kang
duweni nile pekerti luhur sing bisa dilakokake ana ing urip.
Kurange pasinaon marang warisan-warisan budaya iki ndadekake
tembang-tembang dhaerah mung dadi kenangan. Mula ta, ora gumun yen tembang
dhaerah kang asli saka Indonesia ana sing diakoni olehe bangsa liya, ya kuwi mergane
dhewe kurang pasinaon marang apa wae warisan sing dhewe duwe. Mengko yen
tembange ana sing diakoni, dhewe nembe pada geger yen kuwi duweke dhewe. Mula
wiwit saiki, bocah-bocah awit isih cilik disinaoni tembang-tembang dhaerah
kanggo nguri-uri tembang-tembang dhaerah mau.
sok mben, anakku diwarahi tembang daerah yo.
BalasHapusinggih kang, kula siap dados mentore,, :D
BalasHapus