Laman

Sabtu, 28 Juni 2014

Politik Ing Negara Iki

Kaya dene asu sing padha nggaung
Marang siji lan sijine
Padha pisuhan mung ben iseh tetep urip

Kaya mengkana politik ing negeri iki
Ngumbar kasalahan kanggo menjatuhkan
Ngumbar kabajikan kanggo ngagungaken

Jotos jotosan siji lan sijine
Paten patenan siji lan sijine
Namung kanggo enthuk gelar pamomong

Padha gawe sensasi
Gawe dheweke katon sederhana
Gawe dheweke katon sugih

Negeri iki ora butuh pamong kang ngumbar janji
Negeri iki ora butuh pamong kang gawe sensasi
Negeri iki butuh pamong kang ngati-ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar